BAB I
PURWAKA
A. Pawadah Pamilihing Irah-Irahan
Paribasan, Bebasan lan Saloka jawa gadhahi struktur ingkang khas,kekhasan punika saged dipuntinggali saking keajegan lan keketatan konstituennipuningkang boten saged dipunpermutasi lan boten saged dipunsubsitusikake kalian unsur frasa utawi ukara.struktur punika dipunsebut unsure beku.Paribasan,bebasan lan saloka punika sami naming gadhahi perbedaan lan unen-unen punika ugi narik dipunkaji baik saking segi bahasa,sastra,utawi strukturipun,naming amargi keterbatasan ruang ingkang dipunsediakake seratan punika naming kaji lan distribusikake bedanipun lan saminipun paribasan,bebasan,lan saloka.
B. Ancas Panyeratan
Saking makalah punika gadhahi ancas:
1. Saged mangertosi pengertian lan tuladhanipun Bebasan,Paribasan lan Saloka.
2. Saged bedakakaken antawis Bebasan,Paribasan lan Saloka.
3. Saged nyebutaken saminipun Bebasan.Paribasan lan Bebasan.
C. Rancangan Momotan
1. Punapa pengertian lan tuladhanipun Bebasan,Paribasan lan Saloka?
2. Punapa bedakakaken antawis Bebasan,Paribasan lan Saloka?
3. Punapa saminipun Bebasan.Paribasan lan Bebasan?
BAB II
PIREMBAG
BEDANIPUN, SAMINIPUN BEBASAN, PARIBASAN LAN SALOKA
A. Pengertian Bebasan,Paribasan,Saloka
Ø Bebasan inggih punnika Unen-unen kang ajeg panggonane,mawa teges entar,ngemu surasa pepindhan,kang dipindhakake kaanane utaw sesipatane wong,wong uga katut sajrone pepindhan iku,nanging kang luwih ditengenake kaanane,tindak tandukkane.
Ø Paribasan inggih punika Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar.
Ø Saloka inggih punika menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
B. Tuladhanipun Bebasan,Paribasan,Saloka
Ø Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Ø Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal
Ø kalah prakarane
Ø Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
Ø Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Ø Abag-abang lambe = guneme mung lamis
Ø Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Ø Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Ø Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
Ø Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
Ø Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah
Ø Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
Ø Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Ø Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
Ø Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
Ø Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
Ø Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
Ø Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
C. Saminipun dan Bedanipun Bebasan,Paribasan lan Saloka
Tabel ingkang nunjukaken saminipun bebasan,paribasan lan sanepa
Ket: Bb:Bebasan Sl:Saloka - :Tidak memiliki ciri
Pr:Paribasan + :Memiliki cirri yang dimaksud
Ciri-Cirinipun | Miturut Padmosoeketjo Bb Pr Sl | Miturut Prawirodihardjo Bb Pr Sl | Miturut Dwidjasuganda Bb Pr Sl | ||||||
1.Ajeg Panggonane | + | + | + | + | + | + | + | + | + |
2. Mawa Teges Entar | + | + | + | - | + | - | - | - | - |
3.Ngemu surasa pependhan | + | - | + | + | + | + | + | - | + |
4.Sing Luwih Diwigatekake a. Kaanan tindak-tanduk,sipate wong utawa barang b. Wonge-wonge Orangnya c. Dhapukaning ukara d. Gegambaraning kaendahan utawa kaanan e. Kaanane wae | + - - - - | - - - - - | - + - - - | - - - - - | - - - + + | + - - - - | + - - - - | - - - + + | - - - + + |
5. Kadadean saka tembung watak sinambungantembung aran | - | - | - | - | - | - | - | - | - |
6.Migunakake tetembungan kang duweni teges kosok balen | - | - | - | - | - | - | - | - | - |
Saking tabel ing nginggil punika miturut Padmosoekotjo (1958)saged dipunmangertosi menawi Paribasan ing bahasa jawa ingkang gadhahi kesamaan cirinipun ing mawa teges entar arti kias naming bebasan,paribasan lan saloka.antawis gadhahi kesamaan kanyatan wonten ugi perbedaan ing antawisipun.
Perbedaan puniki ingkang dados poin utami kangge bentenaken bebasan,paribasan lan saloka.kangge bentenaken ketiga paribasan punika saged dipunpirsani ciri sanessipun ingkang boten dipungadhahi kalian satunggal kalian satunggalipun,yakni:
· Bebasan nujukaken target menawi hal ingkang luwih dipunwigatosake inggih punika kadadosan,tindak-tanduk,lan sifat tiyang/benda.
· Paribasan nunjukaken target ing paribasan boten ngandung perumpamaan,tegessipun boten wonten kalih perkawis ingkang dadosaken persamaan utawi ingkang dipunibarattaken.
· Saloka nunjukaken target ingkang luwih dipunwigatosaken inggih punika tiyangngipun boten kadadosan ,tindak-tanduk lan sifattipun
Perbedaan target antawis bebasan,paribasan.lan saloka saged dipunpirsani lumantar tuladha ing ngandhap puniki:
A. BEBASAN
“Kerot ora duwe untu”Mengadu untu(kalian cara untu ingkang nginggil saling dipungosokake kalian untu ingkang ngandhap)boten gadhah untu.Gadhahi targed yaiku njelentrehake kadadosan tiyang ingkang gadhahi inisiatif/konsep kangge nglampahi usaha namung boten gadhahi modal kagem alat nglampahake inisiatif punika.Targed ingkang muncul arupi npragmatik lan luwih dipuntekannaken ing kadadosan arupi boten gadhahi modal.Kalian munculipun makna pragmatic ing targed bebasan.Mula teges ing boten sami kalian makna ingkang sampun dipunacu kalian source:kerot ora duwe untu.Perkawis punika nujukaken menawi bebasan ngandung Perumpamaan.
Bebasan
Source(Makna referensial) Target makna pragmatic Menyatakan keadaan,tindakan,sifat org
Perumpamaan
B. PARIBASAN
“Yatna Yuwana,Lena Kena” Atos-atos selamet,boten atos-atos bahaya.Gadhahi targed yaiku katindak atos-atos gawo kaselametan,lan katindak ceroboh ngakibattaken bahaya.Target ingkang muncul arupi makna referensial sami kalian makna ingkang sebenere dipunacu kalian source”yatna yuwana,lema kena”muna nunjukaken menawi paribasan punika botenngandung perumpamaan.
Paribasan
Source/makna referensial Target/makna referensial
Boten ngandung perumpamaan
C. SALOKA
“Asu Belang Kalung Wong” Asu belang kalung duwit,gadhahi targed yakni nyatakake tiyang ingkang dipunanggep rendahnamung kanyatan tiyang punika sugih.Munculipun makna pragmatic ing targed saloka nandakaken menawi saloka ngandung perumpamaan arep memper kalian bebasan,namung ing saloka ingkang luwih dipuntargettaken inggih punika tiyang boten kadadosan,tindak tanduk atawi sifattipun.
Saloka
Source/makna referensial target/Makna pragmatic
Perumpamaan
Andhedhasar saking tiga perkawis punika saged dipunpirsani bentennipun antawis paribasan,saloka lan bebasan,andhedhasar perkawis punika mula bebasan inggih punika wujud unen-unen ingang ngandung perumpamaan sahingga ngalami perubahan teges saking makna referensial ing sourcenipundados makna pragmatic ing targettipun.Target ing bebasan luwih nekanaken makna pragmatic perkawis kadadosan,tindak-tanduk dan sifat tiyang.
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
Saking andharan punika saged dipundudut bentennipun antawis paribasan,saloka lan bebasan,andhedhasar perkawis punika mula bebasan inggih punika wujud unen-unen ingang ngandung perumpamaan sahingga ngalami perubahan teges saking makna referensial ing sourcenipundados makna pragmatic ing targettipun.Target ing bebasan luwih nekanaken makna pragmatic perkawis kadadosan,tindak-tanduk dan sifat tiyang.lan saminipun saking bebasan,bebasan,saloka inggih punika ing cirinipun inggih punika mawa teges entar.
KAPUSTAKAN
Tofani,M.Abi.1996.Sari-Sari Basa Jawi Pepak.Jawa Timur:Yayasan Amanah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar