Senin, 18 Juli 2011

MODEL-MODEL PASINAON INGKANG JUMBUH KALIAN PELAJARAN BAHASA JAWA

Model-Model Pasinaon Ingkang Jumbuh Kalian Pelajaran Bahasa Jawa

A.    Pasinaon Kontekstual
Wonten kathah perangan ingkang nyebataken pangertosan pasinaon kontekstual antawisipun
1.      Pasinaon CTL inggih punika konsepsi sinau ingkang mbiyantu dwija ngaitaken konten mata pelajaran inmg domya nyata lan motivasikaken siswa dhamel hubungan antawis pengetahuan lan penerapannipun ing keuripanipun kangge anggota lan warga Negara.Pasinaon kontekstual ngerupakaken satunggaling reaksi saking pandangan behavioristik ingkang sampun dominasi pamikiran pendidik sakmenika.
2.      Pasinaon Kontekstual inggih punika pengajaran ingkang mungkinaken siswa nguataken luasaken lan nerapaken pengetahuan lan ketrampilan akademikipun ing saben tatanan supados saged mecahaken masalah donya nyata utawi masalah-masalah ingkang dipunsimulasikaken.Pasinaon kontekstual saged kadadosan menawi siswa nerapaken lan ngalami punapa ingkang kedhah dipunajaraken kalian ngacu ing masalah-masalah donya nyata ingkang gadhahi hubungan kalian peran lan tanggung jawab sedaya.Pasinaon CTL inggih punika ingkang kadadosan wonten hubungan erat kalian pengalaman ingkang nyata.
3.      Siswa sinau boten proses seketika.pengetahuan lan ketrampilan siswa dipunangsal sekedik-kedikipun dugi saking pengetahuan ingkang dipun kagunggi sakderenggipun.kemajuan  sinau siswa ing jobo saking proses,kinerja lan produk.berbasis ing prinsip outhentic assessment.

Karakteristik Pasinaon Kontekstual
·         Nglampahaken hubungan ingkang gadhahi makna
·         Nglampahaken kagiatan-kagiatan ingkang signifikan
·         Sinau ingkang sampun dipunatur piyambak
·         Kerja Sami
·         Berfikir kritis lan kreatif
·         Ngasuh lan melihara pribadi siswa
·         Capai standar ingkang sae
·         Ginakaken panilaian Autentik
Miturut The Norhtwest Regional Education Laboratory USA ngidentifikasi wonten 6 kunci dasar saking pasinaon Kontekstual:
1.      Pasinaon ingkang gadhahi makna
2.      Penerapan ing pengetahuan
3.      Berfikir tingkat tinggi
4.      Kurikulum ingkang dipunkembangaken ingkang kadasar standar
5.      Responsif kangge budaya
6.      Panilain Autentik
Komponen-Komponen Pasinaon Kontekstual
a.       Konstruktivisme
Landasan berfikir pasinaon kontekstual yaitu pengetahuan ingkang dipunbangun kalian manungsa ing dirinipun piyambak sakedik-kedike ingkang hasilipun saged perluas lumantar konteks ingkang kabatas ing pandangan konstruktivisme,tugasipun pendidik inggih punika memfasilitasi proses pasinaon  kalian cara
§         Dadosaken pengetahuan ingkang bermakna lan relevan kangge siswa
§         Maringgi kalodangan kangge siswa supados nemukaken lan nerapaken idenipun piyambak
§         Nyadaraken siswa supados nerapaken strateginipun piyambak ing sinau
b.      Pangolekan Inquiry
Inggih punika inti saking pasinaon CTL.Pengetahuan lan ketrampilan ingkang dipunangsal siswa ngrupakaken hasil saking panemuan siswa piyambak.Tahapan ingkang saged dipun lampahi ing proses inquiry yaitu:Kagiatan maringgi dorongan,kagiatan nyampekaken rencana program pasinaon ingkang kedhah dipundhereki siswa,Pelaksanaan inquiry umpan balik,Pambiji
c.       Pitakenan
Pitakenan awal saking pengetahuan ingkang dipun gadhahi piyambak.maringgi pitakenan salah satunggaling strategi ing pasinaon CTL amargi kangge gali informasi .ngonfirmasikake punapa kemawon ingkang sampun dipun mangertosi lan ngarahaken perhatian ing aspek ingkang dereng dipun mangertosi
d.      Masyarakat Sinau
Ing mriki nyaranake supados hasil pasinaon dipunangsal saking kerja sama siswa kalin siswa sanes.Hsil sinsu dipunangsal lan sharing antawis konco ing kelompok.
e.       Pamodelan
Pemodelan kedhah dipun anakaken ing pasinaon CTL yaiku arupi model ingkang diopuntiru.Model menika saged dipunrancang kalian nglibataken dwija.Siswa utawi dipundatangaken saking jawi ingkang sesuai kalian kabutuhan.
f.       Refleksi
Inggih punika cara berfikir ing sesuayu ingkang sampun dipunsinaoni.Refleksi ngrupakaken respon kangge kadadosan,aktifitas siswa dhamel hubungan antawis pengetahuan ingkang dipun gadhahi sakderengipun kalian pengetahuan-pengetahuan sanes.



g.      Pambiji ingkang sabenere
Proses ngempalaken data ingkang saged maringgi gambaran perkembangan sinau siswa.perkembangan siswa kedhah dipun mangertosi pendidik supados dipun mangertosi menawa siswa ngalami proses pasinaon ingkang leres.Data ingkang dipunkempalaken kedhah dipunangsal saking kagiatan nyata pasinaonan.
Prinsip Panerapan Pasinaon CTL
1.      Rencanakaken pasinaon ingkang sesuai kalian kewajaran perkembangan mental
2.      Damel kelompok sinau ingkang saling tergantung
3.      Nyediakaken lingkungan ingkang dukung pasinaon mandiri
4.      Mertimbangaken keragaman siswa
5.      Merhatikaken multi intelegensi
6.      Ginakaken Teknik-teknik pandhagon
7.      Nerapaken pambiji autetik  

Tujuh langkah Wonten Pasinaon CTL
1.      Ngrembangaken pamikiran kontruktivisme
2.      Munculaken kegiatan inquiri/penemuan
3.      Ngungkapaken rasa greget ( ingin tau siswa ) kaliyan cara pitakonan
4.      Nyiptakaken masyarakat sinau
5.      Maringi model kagem tuladha
6.      Ngawontenaken refleksi ing pungkasan pasinaon
7.      Ngawontenaken pambiji kaliyan kathah cara.

Panerapan model pasinaon CTL kaliyan tema Nulis
Kopetensi Dasar:Nulis Wacana perkawis budaya jawa (nulis wacana deskripsi,narasi,eksposisi,argumentasi lan persuasi)


B.     Pasinaon Lesson Study
Lesson study dipunpilih lan dipunimplementasikake sakirang-kirangipun wonten 2 alasan
1.      Lesson study satunggaling cara efektif ingkang saged ningkataken kualitas pasinaon ingkang dipun lampahaken dwija lan aktifitas sinau siswa.Hal menika amargi(a)Pangembangan lesson study dipunlampahaken lan dipundasaraken ing praktek lan hasil pasinaon ingkang dipunlampahaken para dwija(b)Panekanan ingkang dasar saking lesson study inggih punika para siswa gadhahi kwalitas sinau ingkang gedhe(c)Ancas pasinaon dipundadosaken focus lan titik perhatian utama ing pasinaon ing kelas(d)Andhedhasar ing pengalaman riil ing kelas,lesson study nempataken peran sedaya dwija dados peneliti pasinaon
2.      Lesson Study ingkang dipun desain ingkang sae badhe ngasilake dwija ingkang professional lan inpovatif.Menawi nglampahake lesson study para dwija saged(a)Nentukaken ancas pasinaon ingkang cocok kalian kebutuhan siswa serta satuan pasinaon lan materi pasinaon(b)Kaji lan ningkataken pasinaon ingkang bermanfaat kagem siswa (c)Saged memperdalam pengetahuan perkara materi pasinaon ingkang dipun sajikaken para dwija(d)Nentukaken ancas jangka panjang ingkang saged dipuncapai para siswa (e)Ngerencanakaken pasinaon secara kolaboratif (f)Kaji secara teliti proses lan budi pakerti siswa(g)Ngembangaken pengetahuan pasinaon ingkang andal(h)Nglampahaken pasinaon ingkang dipunlampahaken andhedhasar perkembangan siswa lan kolega dwija
Manfaat Nyinaoni Lesson Study
a.       Mbiyantu dwija kangge ngobservasi lan mengkritisi pasinaonan
b.      Mendalam pamahaman siswa perkara materi pasinaon
c.       Mbiyantu dwija ing ningkataken lan memfokusaken sedaya aktifitas sinau siswa
d.      Ningkataken kolaborosi antawis sesami dwija ing pasinaon
e.       Ningkataken mutu dwija lan mutu pasinaon ing giliranipun ngakibataken ing peningkatan mutu kelulusan
f.       Maringi kalodangan kangge dwija kangge dhamel bermaknanipun ide-ide pendidikan ing praktek pasinaonipun sahingga saged ngubah perspektif perkara pasinaon ,lan sinau praktek pasinaon saking perspektif siswa
 Pasinaon Lesson Study inggih punika model pembinaan profesi pendidik lumantar pengkajian pasinaon secara kolaboratif  lan berkelanjutan ingkang berlandas kalian prinsip-prinsip kolegalitas lan mutual learning kangge bangun learning community.Lesson Study inggih punika kagiatan pasinaon saking cacahing dwija lan pakar pasinaon lan observasi serta refleksi saking perencanaan lan implementasi pasinaon kasebut.Alur saking 3 tahapan menika saged dipun andharaken kadosta:
1.      Tahap Perencanaan
Wonten ing tahap niki dipunlampahaken identifikasi masalah ingkang wonten ing kelas kang badhe dipunginakaken kangge kegiatan lesson study lan perencanaan alternative pemecahanipun.Identifikasi masalah ing rangka perencanaan pemecahan masalah kasebut gadhai kaitan kalian pokok bahasan ingkang relevan,saking hasil identifikasi kasebut dipun diskusikaken prakawis-prakawis pamilihan materi pasinaon.Pamilihan metode lan media ingkang sesuai kalian karakteristik siswa,serta jenis evaluasi ingkang badhe dipunginakaken. 

2.      Tahap Implementasi Lan Observasi
Ing tahap niki satunggaling dwija ingkang sampun ditunjuk kalian kelompokipun mengimplementasikaken rencana palaksanaan pasinaon ing kelas.Pakar lan dwija sanes nglampahaken observasi kalian ginakaken lembar observasi ingkang sampun dipunsiapaken lan perangkat sanes ingkang dipunperlukaken.Para observer nyerat bab-bab positif lan negative ing proses pasinaon,khususipun prakawis budi pekerti,lajeng dipunlampahaken rekaman video ingkang mengcloseup kadadosan-kadadosan khusus kangge siswa utawi kelompok siswa ing pelaksanaan pasinaon
3.      Tahap Refleksi
Tahap niki dwija ingkang mengimplementasikaken rencana pelaksanaan pasinaon dipunsukani kalodangan kangge nglanpahaken kesan-kesannipun ing wektu pelaksanaan pasinaon,lajeng observer nyampekaken kagiatan siswa ing wektu kagiatan pasinaon ingkang dipunsertai kalian pemutaran video hasil rekaman pasinaon,pungkasan dwija ing nglampahaken implementasi kasebut maringi tanggapan saking komentar para observer.

  Wonten 6 Tahapan Mengimplementasikaken Lesson Study ing Pawiyatan
1.      Nemtukaken Kolompok
2.      Memfokusaken Lesson Study yaiku Nemtukaken Tema
3.      Rencanakaken Pasinaon
4.      Nglamaken pasinaon ing kelas lan Observasi
5.      Diskusikaken lan nganalisis pasinaon ingkang sampun dipunlampahaken
6.      Mereflesikaken pasinaon lan ngrencanakaken tahap saklajengipun.
Panerapan model pasinaon Lesson Study kaliyan tema Wicara
Kopetensi Dasar:Pendidikan
     
C.    Pasinaon Quantum
Pasinaon Quantum dipunkembangaken dening De Porter.Pasinaon Quantum nawaraken situasi sinau ingkang aman,nyaman,narik,lan nyenengake.
Karakteristik Pasinaon Quantum
1.      Berpangkal ing Psikologi kognitif
2.      Gadhahi sifat Humanistik
3.      Gadhahi sifat Konstruktivisme
4.      Musataken perhatian ing interaksi ingkang bermutu lan bermakna
5.      Nekanake ing kecepetan pasinaon kalian taraf keberhasilan ingkang tinggi
6.      Nekanaken kealmiahan lan kawajaran proses pasinaon
7.      Kebermaknaan lan kebermutuan proses pasinaon
8.      Nyeimbangaken ketrampilan akademik,ketrampilan urip,lan prestasi material
9.      Nanamaken nilai lan keyakinan ingkang positif ing diri pasinaon
10.  Ngutamakaken keberagaman lan kabebasan kangge kunci interaksi

Prinsip-Prinsip ingkang wonten ing Pasinaon Quantum
1.      Betha dunianipun siswa ing dunianipun dwija
2.      Proses pasinaon menawi orkesta simfoni,ingkang spesifik saged dipunjabaraken kadosta:
v     Segalanipun saking lingkungan
v     Segalanipun gadhahi ancas
v     Pengalaman disiki pamaringan asma
v     Akui Saben usaha
v     Menawi layak dipun pelajari,mula layak dipunrayakaken
3.      Pasinaon kedhah berdampak kangge terbentukipun keunggulan
4.      Kerangka perencanaan pasinaon Quantum

Wonten 8 Kaluwihan ing Pasinaon Quantum
a.       Nerapaken urip ing integritas ing pasinaon kangge sikap apa anane,tulus,lan nyeluruh sahingga saged ningkataken motivasi siswa
b.      Akui kegagalan saged betha kita ing kasuksesan
c.       Wicara ingkang ngange niat kang becik
d.      Tegas ing Komitmen
e.       Dadosaken panduwe,ngandung arti menawi siswa lan dwija gadhahi tanggung jawab sahingga kadadosan pasinaon ingkang bermakna lan bermutu

Langkah-langkah Pasinaon Quantum
TANDUR→Tanamkan, Alami, Namai, Demonstrasi, Ulangi, lan Rayakan.
1.      Tanamkan : nuwuhaken minat siswa kaliyan muasaken M2K2 ( Menapa Manfaatipun Kagem Kula?). Wonten babagan punika dwija kedah wassiss maringi cara/strategi ingkang  saget dipunminati deninng  siswa kagem nuwuhaken rasa kapengin mangertosi lan nyinau pasinaon ingkang sampun dipunwulangaken, supados siswa mboten bosenlan jemu anggenipun nyinau.
2.      Alami : ngripta pengalaman ingkang sampun dipun pahami siswa. Woten babagan punikka dwija ngajak lan nglibataken peran siswa kagem maringi pengalaman kagem siswa sanes. Tuladha: ginakaken permainan, maringi simulasi.
3.      Namai : wonten langkah punika dwija kedah mumpuni andamel cara/strategi enggal kagem proses dayapikir siswa kaliyan cara maringi kata kunci.
4.      Demonstrasikan : dwija kedah maringi peluang dening siswa kagem nejermahaken lan nerapaken peluang kemampuan siswa wonten pasinaon sanes ugi wonten kagesangan siswa.
5.      Ulangi : nunjukaken dening siswa cara ngulangi materi materi pasinaon lan negesaken kaliyan pandangon.
6.      Rayakan : Maringi lan ngrayakaken kagem siswa saget ndorong nguataken rasa tanggul jawab lan miwiti proses sinau siswa. Riyaya punika maringi rasa bangga dening usaha ingkang sampun dipunlampahi.Tuladha: maringi pujian, keplok-keplok, maringi hadiah.
Panerapan model pasinaon Quantum kaliyan Pasinaon Nulis
Kopetensi Dasar:Nulis parikan lan wangsalan

D.    Pasinaon Berbasis Masalah
Inggih punika konsep pasinaon ingkang mbiyantu dwija nyiptakaken lingkungan pasinaon ingkang dipunwiwiti kalian masalah ingkang wigati lan relevan kangge siswa lan mungkinaken siswa angsal pangalaman ingkang luwih realistik
Perlunipun Pasinaon Berbasis dipundasarake ing kayataan-kanyataan kadosta:
1.      Ing dasaripun ,berfikir kadosta ing konteks pamecahan masalah  inggih punika wonten kesenjangan antawis punapa ingkang dipunkarepake kalian punapa ingkang wonten
2.      Tiyang-tiyang saged tertarik utawi berminat ngerjakaken sesuatu menawi wonten ing ruang lingkup utawi berkaitan kalian masalah ingkang dipun adepi
3.      Ing nyinaoni bahan pasinaon,siswa pengen mangertosi punapa sabeneripun manfaaat nyinaoni lan masalah punapa kemawon ingkang saged dipunpecahaken ing pengalaman
4.      Kopetensi ingkang efektif dipun gayuh kalian pengajaran lumantar sarangkaian pengalaman pamecahan masalah realistic ingkang ing jeronipun si pelajar secara langsung nerapaken unsur-unsur kopetensi kasebut

Cara-Cara Nglampahaken Pasinaon Berbasis Masalah
1.      Kasiapan
Nyusun masalah ingkang badhe dipundadosaken titik pakal pasinaon.Masalah dipun pilih ingkang wigati lan relevan kangge kangge siwa ,serta butuhaken penerapan gagasan utawi tindakan ingkang berkait utawi ngarah ing bahan pasinaon
2.      Orientasi(Pengenalan)
Nyajikaken masalah ing kelas,Bangkitaken ketertarian utawi rasa pengen mangertosi masalah siswa dining masalah,Maringi kalodangan siswa kangge mahami situasi utawi maksud masalah-masalah
3.      Eksporasi(Penjelajahan)
Maringi kalodangan siswa kangge mecahaken masalah kalian strategi ingkang dipunciptakaken piyambake kalian siswa.masalah angsal dipunpecahaken siswa secara pribadi utawi kerja sama kalin siswa sanes.Dwija naming maringi dukungan.
4.      Negoisasi(Perundingan)
Dorong siswa kangge komunikasikaken  lan diskusikaken proses lan hasil pamecahan masalah,sahingga dipunangsal gagasan utawi tindakan ingkang saged dipuntampi   kalian komunitas kelas
5.      Integrasi(Pemaduan)
Mandu siswa kangge merefleksikake proses pamecahan masalah,Ngidentifikasikake lan rumusaken hasil-hasil sinau ingkang dipun angsal saking kagiatan  pamecahan masalah,Ngaitaken hasil-hasil sinau punika kalin pengetahuan sakderenggipun sahingga kasusun jaringan pengetahuan ingkang enggal.
Wonten ing PBM siswa ngerjakaken permasalahan autetik kangge nyusun pengetahuan sedaya piyambak .Ngembangaken inkuiri lan ketrampilan berfikir ingkang duwur.sarta ngembangaken kamandirian lan percaya kalian awake piyambak
Langkah-Langkahipun
1.      Ngorientasikaken siswa ing masalah
2.      Ngorganisasikaken siswa kangge sinau
3.      Mandu siswa kangge nyelidiki
4.      Ngembangaken lan ngaji hasil kerja siswa
5.      Nganalisis lan Ngevaluasi hasil pamecahan masalah.

Panerapan model pasinaon Berbasis Masalah kaliyan tema Wicara
Kopetensi Dasar: Wicara perkawis pangalaman pribadi
E.     Pasinaon Partisipatori
Pasinaon Partisipatori ing intinipun saged dipunartikaken upaya didik kangge ngikutsertakaken peserta didik ing kagiatan pasinaon inggih punika ing tahap perencanaan program,nglampahaken program lan panilaian program.Partisipatori ing tahap perencanaan inggih punika keterlibatan peserta didik ing kagiatan ngidentifikasi kabutuhan sinau.Permasalahanipun sumber-sumber utawi potensi ingkang tersedia lan mungkinaken hambatan ing pasinao.Partisipatori ing tahap pelaksanaan program kagiatan inggih punika keterliabatan peserta didik ing nyiapaken iklim ingkang kondusif kangge sinau.Partisipatori ing tahap panilaian program pasinaon inggih punika katerlibatan peserta didik ing panilaian ,palaksanaan pasinaon utawi kangge program pasinaon pambiji pelaksanaan pasinaon cukup panilaian kanggev proses ,hasil lan dampak pasinaon.
Ciri-Ciri Pasinaon Partisipatori
1.      Pendidik nempataken diri ing kedudukan boten serba mangertosi kangge sedoyo bahan ajar
2.      Pendidik mainaken peran kangge mbiyantu peserta didik ing nlampahaken kagiatan pasinaon
3.      Pendidik nlampahaken motivasi kangge peserta didik supados partisipasi ing pasinaon
4.      Pendidik nempataken awakipun kangge peserta didik
5.      Pendidik sesarengan peserta didik saling sinau
6.      Pendidik mbiyantu peserta didik kangge nyiptakaken situasi sinau ingkang kondusif
7.      Pendidik ngembangaken kagiatan pasinaon kelompok
8.      Pendidik dorong peserta didik kangge ningkataken semangat partisipatori
9.      Pendidik dorong peserta didik kangge upaya mecahaken permasalahan ingkang dipunadepi ing kauripan.
           
Panerapan model pasinaon Partisipatori kaliyan tema Wicara
Kopetensi Dasar:Berpidato ing forum rapat,upacara pengetan




F.     Pasinaon Berbasis Pangalaman
 Pasinaon maniki dorong siswa kangge sinau saking pangalaman-pangalaman setengah terstuktur.Model niki kadhah manfaat menawi dipunlampahaken kalian leres lan saged superficial menawi dipunlampahaken kalian lepat.
Elemen pasinaon pengalaman
a.       Pasinaon kalian penemuan
b.      Pasinaon lumantar investigasi
c.       Pasinaon lumantar Latian berkelanjutan
d.      Pasinaon kalian perbedaan lan perbandingan
e.       Pasinaon lumantar keterlibatan
f.       Pasinaon lumantar motivasi
Panerapan model pasinaon Berbasis Pagalaman kaliyan tema Wicara
Kopetensi Dasar:Mengapresiasikake Beksa

1 komentar:

  1. casino, poker room, blackjack, bingo
    casino, poker room, blackjack, febcasino.com bingo room, blackjack, bingo room, poker https://deccasino.com/review/merit-casino/ room, jancasino poker room, communitykhabar poker room, https://vannienailor4166blog.blogspot.com/ poker room, poker room, poker room,

    BalasHapus